Langsung ke konten utama

Khutbah Jum'at Boso Jawi Dhawuh Nindhakake Haji oleh Syukur Widodo, S.Pd.I

Khutbah Jum'at Boso Jawi Dhawuh Nindhakake Haji oleh Syukur Widodo, S.Pd.I

dok. pondoklentera.com

 

Dhawuh Nindhakake Haji

Dhening: Syukur Widodo, S.Pd.I

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْد للهِ مَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًّا مُّرْشِدًا. اَشْهَدُ اَنْ لآ اِلهَ اِلاَّ اللهُ  وَحْدَهُ    لاَ شَرِيـْــكَ لَهُ  . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَرْسَلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيَكُوْنَ لِلْعَالَمِيْنَ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا .اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَمَّا بَعْدُ : فَيَا اَيُّها النّاسُ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَأَنتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ  وَاجْتَنِبُوْا  عَنِ السَّيّــِأَتِ. فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْقَدِيْرِ الْقَائِلِ فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ .وَقَالَ رَسُوْلُ الله صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ رواه إبن ماجة.

Jum’ah Jum’ah Ingkang Minulya Rohimakumullah

Alhamdulillahirabbil‘alamin kita takseh waged nindakaken salah satunggaling kewajiban kita, nun injih angleksanakaken jama’ah  sholat jum’ah, minongko kejibahne tiyang muslim jaler. Mangga kita sareng- sareng sami njagi tuwin ningkataken keimanan tuwin ketaqwaan kita dhateng Allah SWT. Amargo iman soho taqwa ingkang badhe dados amal sangu dhateng ngadhep dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Poro Sederek Ingkang Minulyo.

Miderek R.Ng. Ronggowarsito, pembagian zaman peradaban manungsa dipérang dadi telu (3), sing asring digambaraké minangka siklus "wolak-waliking zaman" (zaman sing terus muter/owah), yaiku:

1.    Kalatidha (Zaman Edan/Zaman Kesusahan). Ing zaman iki, kahanan donya katon ora tentrem, akeh fitnah, kebingungan, lan moral manungsa mudhun. Wong sing tumindak bener malah susah, dene sing tumindak luput malah kepenak.

2.    Kalabendhu (Zaman Bencana/Malapetaka). Zaman iki minangka terusane saka Kalatidha, sing luwih parah, yaiku zaman puncak bencana utawa kacilakan/ pageblug.

3.    Kalasuba (Zaman Kabahagian/Kajayaan). Sawisé ngliwati Kalabendhu, donya bakal mlebu menyang zaman Kalasuba. Iki minangka zaman tentrem, makmur, lan kamulyan, minangka ganjaran saka sabar ngadhepi zaman sakdurunge.

Allah SWT., sampun dhawuh wonten ing Al Qur’an Surat Al Hujurot Ayat 12:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ .

Artosipun: Hei wong- wong kang pada iman, siro kabeh supayo padha ngedhohi sebagiyan akeh sangking penyono- penyono. Ngertiyo !  Yen saweneh penyono iku duso. Siro kabeh aja padha nyelidhiki, niti- niti alane wong mukmin liyo. Lan padho rasan rinasan.  Apo siro demen mangan daginge sedulure dewe ? Wong ngerasani dulure iku padho karo mangan daginge dulure. Siro kabeh supoyo podho wedi Allah. Ngertiyo ! Allah iku Pengeran kang gampang nerimo taubate kawulane tur banget welase. (QS: Al Hujurot: 11; Tafsir Al Iklil KH. Misbah Musthofa).

Poro Sederek Ingkang Minulyo

Sangking katerangan- katerangan Surat Al Hujurot Ayat 12 Gusti Allah SWT., dhawuh dumateng kawulane ngelarang:

1.    Ampun kathah anggene gadah panyono awon (su’udhon).

2.    Ampun niti- niti metan- metani alane tiyang sanes (tajassus).

3.    Ampun ngobrolake ngendhikaake awone tiyang sanes (ghibah).

Allah SWT., wonten ing Surat Al Qolam Ayat 10 dan 11 dhawuh:

وَلَا تُطِعۡ كُلَّ حَلَّافٍ مَّهِينٍ ١٠ هَمَّازٍ مَّشَّآءٍۢ بِنَمِيْمٍ ١١ [ القلم: 10-11]

Artose: Siro aja anut saben- saben  wong kang ahli sumpah kang ino- ino ! seneng ngerasani wong liyo. Seneng nacat wong liyo, seneng nyebarake fitnah. Ora gelem aweh kebagusan marang wong liyo. [ Surat al-Qolam: 10-11. Kitab Tafsir Al Iklil KH. Misbah Musthofa].

Adapun Rosulullah SAW., beliau bersabda:

قال رسول الله صلى الله عليه وسلم: «لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ نَمَّامٌ»[أخرجه مسملم]

Artinya; “Ora bakal mlebu surga, wong se seneng gawe adu domba”. HR Bukhari dan Muslim.

Poro Sederek Ingkang Minulyo

Alhamdulillahirobbil’alamin, kito sampun mlebet wonten ing wulan dzulhijjah. Sakdengah sederek- sederek kito taksih angglesanakaken rukun islam ingkang ongko gangsal, nun injih ibadah haji wonten kuto Makkah dhateng tiyang ingkang mampu. Allah SWT., wonten ing Al Qur’an Surat Ali Imron ayat 97 dhawuh:

فِيْهِ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ مَّقَامُ اِبْرٰهِيْمَ ەۚ وَمَنْ دَخَلَه‘ كَانَ اٰمِنًاۗ وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ اِلَيْهِ سَبِيْلًاۗ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ

Artosipu: Ing Baitullah iki ana tanda- tanda keagungane Allah, kaya maqom Ibbrohim. Sapa- sapa melebu ana ing Baitullah mesti aman tegese selamet sangking apa kang di wedeni.  Kanggo ngagungake Allah, saben- saben manungso wajib ngelakoni haji ing baitullah. Nanging wong kang biso budal nuju marang baitullah.  Sapa- sapa wong kang kufur ora gelem ngelakoni haji ing baitullah kono urip sakarepe. Nanging deweke mesti ngadepi siksone Allah. Allah ora butuh marang kabeh wong ngalam, ora butuh marang ngibadahe kawulane. Yen Allah perintah supoyo pado haji iku kerono kemaslahatane wong kang diperintah gandeng karo uripe ing dunyo lan akherot. (QS: Ali Imron: 97; Tafsir Al Iklil KH. Misbah Musthofa).

Mugi- mugi Allah SWT, wonten ing zaman akhir, zaman ingkang kathah fitnah, zaman se kito bingung anggene mbedaake pundhi se bener pundhi se lepat, tansah bimbing lan nedahaken lisan kito supadhos kagem dzikir, maos Al Qur’an lan atur pangendhikan ingkang sae tuwin bermanfaat. Mekaten ugi kito waged ngelampahi haji wonten ing Baitullah. Sahinggo kito kagolong tiyang ingkang slamet begjo sukses dunyo tuwin akherot, dhados kawulo ingkang dipun Ridhoi dhening Allah SWT. Amin3x Ya Mujibassaillin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي ْالقُراَنِ اْلعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيّاَكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ اْلايَاتِ وَالّذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَّبَلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

الخطبة الثانية

الحمد للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ.اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْفِتَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَمِنْ صُفُوْفِ الْمُخْتَلِفَةِ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. اللّهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّداللّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ . اللّهُمَّ أَصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ . آمِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ.إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، فَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.


PondokLentera

Hukum Memasak dan Mencuci bagi Istri - PondokLentera

Arti Syukur, Makna Syukur dan Cakupannya Syukur - pondoklentera

Kenaikan BBM Perjudian Jokowi oleh Syukur Widodo _ PondokLentera

Perintah Menuntut Ilmu dan Keutamaan Ilmu dalam Islam _ PondokLentera

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Njagi Kerukunan Masyarakat Oleh Syukur Widodo

Peran NU Ranting Desa Kalimeneng dalam Mengajarkan Ilmu Agama - pondoklentera

Khutbah Jum'at Singkat Bahasa Jawa Tentang Puasa Ramadhan _ pondokLentera