Langsung ke konten utama

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa "Syawwal Kasil Dados Ahli Sabar" Syukur Widodo, S.Pd.I

 Khutbah Jum'at Bahasa Jawa "Syawwal Kasil Dados Ahli Sabar"

dok. pondoklentera.com

خطبة جمعة

Khutbah Jum’at

Dhening: Syukur Widodo

SYAWWAL KASIL DADOS AHLI SABAR

 اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي اَنْزَلَ اْلعِيْدَ مِنْ اَكْبَرِ شَعَائِرِ اْلاِسْلاَمِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدْ.

فَيَا عِبَادَ اللهِ ! اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَ قَدْ قَالَ الله ُعَزَّ وَجَلَّ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اصْبِرُوْا وَصَابِرُوْا وَرَابِطُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .

Kaum Muslimin Rahimakumullah, mangga sareng- sareng kita somo njagi tuwin tingkataken iman soho taqwa kita dateng Allah SWT, amargi taqwa meniko dados saksae-saenipun bekal kagem kita ngadep Allah SWT.

Wulan ingkang agung Wulan kawah candrodimuko nun injih Wulan Romadhon sampun kliwat. Sakmeniko kito alhamdulillahi ‘ala kulli halin wa ni’matin taksih wonten ing wulan syawwal.  Wonten ing hadits qudsi Allah Ta’ala berfirman,

للِصَّائِمِ فَرْحَتاَنِ، فَرْحَةٌ عِنْدَ فِطْرِهِ، وَفَرْحَةٌ عِنْدَ لِقَاءِ رَبْهِ رَواَهُ بخُاَرِي وَ مُسْلِمْ

Artosipun: “Kadue tiyang ingkang syiam enten kalih kebahagiaan, kebahagian nalikane buka (dinten ‘ied) lan kebahagiaan naliko pinanggih kalian Pengerane.” HR. Bukhori lan Muslim.

 

Poro Sederek Ingkang Minulyo, saksampunipun ngelampahi shiyam selamine wulan Romadhon, tempu kita gadah pangajab dhados tiyang ingkang taqwa ( لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ ), buahe syiam Wulan Romadhon. Saklajengipun hadiah tiyang ingkang taqwa, Allah SWT sampun dawuh:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهُ مِنْ اَمْرِهِ يُسْرًا.

Artosipun: Sopo wonge taqwo marang Gusti Allah, mongko Allah bakal ndadeaken urusane dadi gampang. QS: Ath Tholaq Ayat 4.

 

Jama’ah Jum’ah Ingkang Minulyo Rahimakumullah, kita gesang wonten ing zaman utawi mongso ingkang raosipun susah anggenepun ngelampahi pagesangan; musibah bencana alam, perang, pados pedamelan tuwin pangupo jiwa ingkang ewet lan sakpanunggalanipun. Padahal ing namini angen- angen, kekarepan, harapan ugi cita- cita meniko tahsah ngubengi dhateng manah ugi pikiran manungso, selamani manungsu gesang wonten ing ngalam dunyo. Pramila kanthi shiyam wonten ing wulan Romadhon Allah bombing dhateng kawulone kasil buah; sepindah, supados bimbing lan didik kekarepan lan angen- angen manungso. Kados pangertosan shiyam

اْلإِمْسَاكُ عَنِ اْلأَكْلِ وَالشُّرْبِ وَغَشَيَانِ النِّسَاءِ مِنَ الْفَجْرِ إِلَى الْمَغْرِبِ إِحْتِسَاباً لِلَّهِ وَإِعْدَادًا لِلنَّفْسِ وَ تَهِـيِـيْئةً لَهاَ لِتَقْوَى اللهِ باِلْمُرَاقَبَةِ وَترْبِيَةِ اْلإِرَادَةِ 

Poso yoiku nahan awak dewe sangking dhahar, ngunjuk, jima’ suami istri sangking terbit fajar (subuh), subuh dumugi surupe srengenge (maghrib), kerono ngarep- ngarep Ridhone Allah lan nyiapake awak dewe tuwin nyelehake manah kagem taqwo dhateng Allah kathi mergi muqobah dhepe- dhepe marek dhateng Allah dalah ngraos di awasi dhening Gusti Allah ugi didik mbimbing kekarepan angen- angen harapan“ (Rasyid Ridha, al-Manar, 1373 hal. 143)

Kanthi shiyam wonten ing wulan Romadhon Allah bimbing dhateng kawulone; kalih; sabar minongko hasil buah atsaripun anggene kita ngelampahi shiyam Romadhon, lan sabar punika ganjarane nun injih surgo. Kados dhawuhipun Rosulullah SAW., ingkang dipun nukil sangking Kitab Ashiyam ingkang dipun anggit dhening KH. Zainal Abidin Krapyak Ngayogyokarto:

وَهُوَ شَهْرُ الصَّبْرِ، وَالصَّبْرُ ثَوَابُهُ الْجَنَّةُ

Artosipun: Wulan Romadhon injih punika wulan kesabaran, lan sabar punika ganjarane surgo.

Mekaten ugi Gusti Allah SWT., sampun dhawuh wonten ing Al Qur’an Surat Ali Imron ayat 200:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اصْبِرُوْا وَصَابِرُوْا وَرَابِطُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Artosipun: Hai wong- wong kang padha iman, padha sabaro siro kabeh lan kiataken kesabarane niro kabeh, nuli padha siap- siap, lan taqwaa siro kabeh ing Allah supoyo siro kabeh dadi wong sing bejo kemayangan.

 

Mugi- mugi saksampunipun kita ngelampahi shiyam tuwin mapinten- pinten amal sholih wonten ing wulan Romadhon, Allah SWT dhadosaken kita golonganipun tiyang ingkang muttaqin dalah ahli sabar. Amin Ya Mujibassaillin.

.جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَ الْفَائِزِيْنَ وَالْمَقْبُوْلِيْنَ اْلأَمِنِيْنَ, وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ اْلصَالِحِيْنَ. اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ اْلعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفَوْرُ الرَّحِيمُ.

 

الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوا اللهَ مَااسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. وَقَالَ أَيْضًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْفِتَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَمِنْ صُفُوْفِ الْمُخْتَلِفَةِ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَاحْفَظْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَفَرِّجْ عَنَّا وَالْمُسْلِمِيْنَ آمِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ. إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، فَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.


PondokLentera

Hukum Memasak dan Mencuci bagi Istri - PondokLentera

Arti Syukur, Makna Syukur dan Cakupannya Syukur - pondoklentera

Kenaikan BBM Perjudian Jokowi oleh Syukur Widodo _ PondokLentera

Perintah Menuntut Ilmu dan Keutamaan Ilmu dalam Islam _ PondokLentera

Peran NU Ranting Desa Kalimeneng dalam Mengajarkan Ilmu Agama - pondoklentera

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Njagi Kerukunan Masyarakat Oleh Syukur Widodo

Khutbah Jum'at Singkat Bahasa Jawa Tentang Puasa Ramadhan _ pondokLentera